24 December 2008

Kangen Motret

Seketika kerinduan itu datang..
Merayu-rayu jauh ke dalam sanubari..
Sebagaimana waktu yang terentang..
Mendayu-dayu mengenangkan hari..
(Ignatio 1208)


Nêmbé kêrasa... wis suwé aku ora motréti wong-wong nang dalan, motréti kahanan kutho, motréti kanca-kanca sing pada cengéngésan. Nganthi lali karo pakulinanku dhéwé, photo hunting.
mBiyén, ora ana bosên-bosêné mubeng-mubeng nggoléki apa waé sing bisa dipotréti, ngrumangsani dadi saluran mripat lan nyêritakaké apa-apa waé sing ditemu nang dalan mau; Pak Bécak, mBok Bakul Loompia, Lik Pikul Goni, Mas Juru Parkir, Dhik Lopêr Koran, mBak SPG Toko.
Sapa-sapa waé...

Ngresiki body Yashica FX-2000, ngêlapi lensa Tokina 80-200 sepisan karo kumpulan filter lan holder Cokin. Ora klalén, mbongkar-pasang tripod lan monopod, mbukak-tutup reflektor lan nyoba-nyoba fill-in flash, cable release & cable synchronizer.

Nêmbé kêrasa kélangan...

mBiyén dibélani tangi mruput, ora nganggo adhus, sarapan sak kecêkelé mén bisa enthuk gambar sing apik. ngGuwang-guwang roll film, ngenték-entéki dhuwit kanggo ukara sing bisa muspra, asal bisa motrét sing luwih apik.
ngRasa deg-degan karo hasilé motréti, iyo nek dadi apik, nek kobong kabéh piye..??
nJéréngi celluloid nang srêngéngé utawa lampu sing padhang, ben bisa milih frame sing arep dicetak, ati-ati... banget.

Nêmbé kêrasa kangen..

Mugi Gusti paringi kêsabaran tuwin kêkiyatan dumatêng kula, uga bisa sagêt mlampah malih datêng margi, "nangkapi" punapa mawon ingkang ketingal mripat. Nyingkabi prakara ingkang saé, mbotên nyuwara sing ala.

No comments:

Post a Comment